SESORAH
Salah
sijining pelajaran bahasa Jawa yaiku bab sesorah. Opo ta sesorah kuwi? Sesorah
utawa pidato iku matur ing ngarep klumpukane wong akeh kang disegaja nganggo
basa lesan kanti tujuwan kang gumathok. Basane gampang ditampa utawa
komunkatif,
nengsemake utawa menarik,prasaja, lan angone negja tembung bener serta cetha.
Opo wae kang dadi pokok-pokoke sesorah kuwi?
nengsemake utawa menarik,prasaja, lan angone negja tembung bener serta cetha.
Opo wae kang dadi pokok-pokoke sesorah kuwi?
Kagunaan Sesorah
1. Menehi Hiburan. Pidhato jinis iki ditindakaké ana
ing acara pahargyan. Déné tujuané yakuwi supaya acara iku bisa sumringah lan
meriah. Pemicara mung ngandharaké babagan kang gawé seneng lan bungah, uga
nganggo basa kang santai lan raket.
2.
Menéhi Kawruh. Pidhato iki isiné ngandharake babagan kang sacetha-cethané,
supaya pamireng mangerti. Pemicara bisa nganggo conto, mbandingaké, nerangaké,
lan liya- liyané kang kabéh mau gunané kanggo njelasaké marang pemirengé.
3. Ajak- ajak. Pemicara ngandharaké
alesan, bukti, lan conto supaya pamirengé gelem nindakaké kaya apa kang
dikarepaké pemicara. Pidhato iki umumé jinis pidhato kampanye arep pemilhan
umum.
Déné miturut kaanané, jinisé pidhato iku uga werna- werna, yakuwi: kaanan
resmi, setengah
resmi, ora resmi,
lan
sapanunggalané.
1. Kaanan Resmi. Kanggo kaanan
resmi, lumrahé pamicara maca naskah kang wis disiapaké supaya ora salah anggoné
pidhato lan naskah iku bisa kasimpen kanggo arsip. Pemicara ora bisa
ngandharaké pidhatoné sakarepé dhewe amarga wektune wis diatur.
2. Kaanan Setengah Resmi. Pemicarané
bisa ngandharaké pidathoné rada longgar. Nanging, kesan resmi kudu tetep
digatekaké.
3. Kaanan Ora Resmi. Pemicara bisa ngandharaké pidhatoné
miturut tujuan utawa pemirengé.
4. Kaanan Liya- liyane. Sakliyané
kaanan kang wis kaandhraké iku, isih ana kaanan kang uga duweni pengaruh marang
cara ngandharake pidhato, yaiku pemirenge lungguh apa ngadeg, wektune esuk apa
awan, anggone pidhato dewe apa karo wong liya. Contone, yen pemirenge ngadeg
pidhatone kanthi singkt bae.
Kepriyé carané pidhato kang
apik lan kasil bakal dijlentrehaké ing kéné. Wektu Pidhato pemicara iku
digatekaké déning kabéh kang rungokaké. Kabéh kang ana ing pemicara saka
klambi, rambuté, tekan carané mlaku ing podium
digatekaké déning pamirengé. Kepriyé carané ngadeg uga ora luput saka
pengamatanné pemireng pidhato iku. Apa kang ora pas saka pemicara bisa dadi
bahan panacad déning para pemireng. Panacad iku nyebabaké pidatoné ora kasil
kanthi apik.
1. Carané Nganggo Klambi. Klambiné kudu resik, rapi, sopan,
lan jumbuh kaliyan kaanané pemireng pidhato iku. Carané nganggo penganggon
utawa klambi kudu bener., umpamane: peciné ora miring, dasiné anggoné nalekaké
wis bener. Jinisé klambi uga kudu nyesuaiaké karo pemirengé, yén pemirengé
nganggo jas pemicarané beciké uga nganggo jas, yén pemirenge nganggo
hem lengen dawa becike pemicarane uga nganggo hem lengen dawa.
2. Carané Ngadeg ing Podium. Sadurungé diwènéhi wektu déning wong kang macakaké pranata
adicara, beciké pemicara lungguh ana papan kang rada ndelik. Aja lungguh ana
ngarepé pemireng, amarga penampilané mengko ora duwéni kejut. Anggoné mlaku
anuju podium kudu kanthi lumrah, ora digawé- gawé. Sadurungé ngomong, ambegan
lan nyawang kabéh para pamirengé kanthi sumringah. Anggoné ngadeg kanthi jejeg
lan aja nyenderaké awak ing podium.
3. Carané Nggocèki Mikrofon. Mikrofon kang ana standaré ora perlu digocèki bola- bali
amarga bisa muni lan brebegi. Déné mikrofon kang ora ana standaré digocèki
kanthi lumrah baé. Aja dolanan kabel utawa nggaya kaya penyanyi ing panggung.
Mikrofon karo lambé aja kecedaken utawa kadohan.
4. Carané Pidhato. Carané pidhato
iku ana papat, yakuwi: maca naskah, ngapalaké,
Patrape wong wasis guneman:
1.Solah
bawane kang lumrah, tatag, lan ora kaku.
2.Ndeleng
marang wong kang diajak guneman.
3.Nampa
panyendu utawa usulan.
4.Solah
bawane nengsemake.
5.Lancar
gunemane.
6.Angen-angene
logis.
7.Mumpuni
utawa nguwasani apa kang dirembug.
8.Miwiti
anggone micara menawa wis antuk palilah lan swasanane apik.
9.Urmat
lan nuwuhake rasa paseduluran sarta ana prenesane utawa geguyone.
10.Gandhang
swarane
Kang ora kena ditindakake nalika
sesorah:
1.Ngadeg
tanpa nggatekake papan panggonan.
2.Ngadeg
kanthi lendhehan podium.
3.Ngadeg
kaku, utawa kosok baline loyo ora ana greget.
4.Ngadeg
kanthi sikil kang rapet, utawa kosok baline kanthi mbegagah.
5.Ngadeg
kanthi lelambaran sikil siji.
6.Slaga
kang digawe- gawe.
7.Ngguyu
kanthi digawe- gawe.
8.Mbesengut.
9.Gugup.
10.Ndhingkluk
, utawa kosok baline tansah tumenga(ndangak).
11.Ngobahake
awak kanthi ora trep karo kang digunem.
12.Kukur-
kukur.
13.Nglebokake
tangan ing sak clana.
14.Ora
nggatekake kang diajak guneman.
Tuladha sesorah:
Sesorah
Atur Pasrah Temanten Kakung
Assalaamu’alaikum
Wr. Wb.
Kawula nuwun,
kanthi limbaran pepayungan budi rahayu saha hangunjukaken raos suka sukur
dhumateng Gusti, “Mugi Rahayuhasagung Dumadi” tansah kajiwa lan kasalira
dhumateng kula lan panjenengan sedaya.
Amit pasang
aliman tabik, mugi tinebihna ing iladuni myang tulak sarik, dene kawula
cumanthaka marak mangarsa hanggempil kamardikan panjenengan ingkang katemben
wawan pangandikan, inggih awritipun hamestuti jejibahan luhur kula piniji
minangka duta saraya sulih sarira saking panjenenganipun Bapa/Ibu Suharyanto,
kula kadhawuhan nglarapaken putra calon temanten kakung, mugi katur panjenenganipun
Bapa/Ibu Purwanto.
Panjenengan
Bapa Trisnodiharjo ingkang jumeneng hangembani wuwus minangka sulih sarira
saking anjenenganipun Bapa/Ibu Purwanto ingkang winantu sagunging pakurmatan.
Wondene menggah wigatosing sedya sowan kula wonten ngarsa panjenengan.
Ingkang
sepisan, ngaturaken sewu agenging kalepatan dene panjenenganipun Bapa/Ibu
Suharyanto boten saged hanindakaken piyambak masrahaken putranipun calon
temanten kakung, kapeksa namung saged ngaturaken salam taklim mugi katura ing
panjenenganipun Bapa/Ibu Purwanto, ingkang lumantar kawula. Sanget ing
pamujinipun, bilih anggenipun mngku karya hanetepi darmaning asepuh, hangrakit
sekar cepaka mulya, hamiwaha putra mahargya siwi, tetepa winengku ing suka
basuki.
Jangkep kaping
kalih, rehning putra calon temanten kakung pun Bagus Ahmad Adnan, atmaja kakung
saking Bapa/Ibu Suharyanto ingkang pidalem ing Wirobrajan Gamping Sleman
Ngayogyakarta, sampun kalampahan ijab/dhaup suci kaliyan Rara Wiwin Safitri,
Kenya siwi saking panjenenganipun Bapa/Ibu Purwanto, kala wau dinten Jum’at
Pahing surya kaping 11 November 2011 wanci tabuh 09.00 mapan ing dalem Imogiri
Bantul Ngayogyakarta mriki, kanthi nirbaya nir wikara boten wonten alangan
satunggal punapa.
Sarehning
sampun ndungkap titiwanci tumapaking gati, pramila calon temanten kakung kula
pasrahaken, mugi tumanten katindakna dhaup panggihing temanten, anut satataning
adat widhiwidana ingkang sampun lumampah wonten ing Imogiri Bantul
Ngayogyakarta. Kula sapangombyong tansah jumurung ing karsa, sinartan puji
donga mugi Gusti tansah ngijabahi dhumateng temanten sarimbit, anggenipun
amangun brayat enggal, tansah manggih guyup rukun, atut runtut, ayem tentrem,
rahayu ingkang tinuju, bagya mulya ingkang sinedya.
Dene ingkang
wekasan, sasampunipun paripurnaning pahargyan, kula sarombongan pangombyong
temanten kakung, keparenga nyuwun pamit saha nyuwun pangestu, mugi-mugi lampah
kawula sarombongan manggih wilujeng kalis saking pringga bayaning marga.
Semanten ugi,
hambok bilih anggen kawula minangka talanging basa wonten gonyak-ganyuking
wicara, kiranging subasita ingkang singlar ing reh tata krami, kawula tansah
nyuwun lumunturing sih samodra pangaksami.
Akhirul kalam,
billahi taufik wal hidayah,
Wassalaamu’alaikum
Wr. Wb
Tidak ada komentar:
Posting Komentar